NGAWEKANI AKEHE INFORMASI (KELAS XI)

A. Iklan


  Iklan bisa ditemoni ing sadhengah papan panggonan. Ora mung mligi ing spanduk, pamflet,koran. Ananging radio,tv, internet uga wis akeh kagunakake kanggo masang iklan. Basa iklan kang becik iku bisa gampang dingerteni dening pamaos utawa pamirsa. Iklan uga kudu cekak aos cetha lan menthes. Ora ngambra-ambra mundhak marake bingung sing maca utawa sing krungu.

   Titikane iklan kang becik yaiku jujur, obyektif,cetha,ringkes,tembunge prasaja, gampang dimangerti,narik kawigaten,sopan,lan logis.

B. Unsur-Unsur Iklan


  1. Jeneng barang utawa jasa kang ditawakake
  2. Pihak utawa pawongan kang masang 
  3. Alamat sing masang
  4. Kahananan serta manfaat barang utawa jasa  kang ditawakake

C. Nulis Teks Iklan


   Iklan dibutuhake supaya wong liya ngerti barang sing ditawakake. Carane ngawe iklan sing apik kudu nggatekake babagan kayata ing ngisor iki :

  • Migunakake slogan utawa sesanti kang gampang ditampa lan dieling-eling.
  • Ukarane persuasi utawa mbujuk wong liya
  • Sing ngirim kudu cetha.
  • Nuwuhake rasa pengen nduweni barang sing ditawarke.
Sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa 2 kelas XI SMA/SMK/MA

D. Contoh Teks Iklan




Sumber :
 https://www.yukampus.com/2019/09/contoh-iklan-bahasa-jawa.html?m=1
Pepsi minangka produk minuman saka Amerika Serikat. Kaya dene coca-cola, fanta,utawa sprit, Pepsi uga wis dipasarake ing saindenging Indonesia,khususe Jawa. Penyebarane amba banget

Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

BUDAYA WEWALER (KELAS XII)

MATERI PAWARTA (KELAS X)