MATERI PAWARTA (KELAS X)


   Ing jaman informasi iki, pawarta dadi kabutuhan kang ora bisa diendhani dening bebrayan. Pawarta iku kabar kang disebarake supaya dingerteni dening wong liya utawa akeh. Menawa dideleng saka sarane, ana pawarta kang nggunakake medhia cithak lan ana uga kang nggunakake medhia elektronik. Kang nggunakake medhia cithak umpane,ariwati utawa koran, kalawarti utawa majalah, buletin, lan sapanunggale. Dene kang nggunakake medhia elektronik bisa katemokake ing radhio (media audio), televisi (media audio-visual), lan internet (media sosial).

A. Nemokake Isine Teks Pawarta

   Maca teks pawarta kang tujuane supaya ngerti isine, bisa disaranani nganggo mangsuli pitakon kang gegayutan karo 5W+1H, kang 
jlentrehe :
 
-What   : Kadadeyan apa kang diwarta- kake/dikabarake.
-Who    : Sapa wae kang diwartakake.
-When  : Kapan waktu kalakone kadadeyan.
-Where : Ing ngendi papan kelakone  kadadeyan.
-Why     : Geneya bisa kalakon Kadadeyan.
-How     : Kepriye mungguh kalakone kadadeyan.
( Contoh pawarta bahasa jawa ) ⬇️⬇️⬇️
https://www.nyontex.com/2019/07/7-contoh-pawarta-bahasa-jawa-singkat.html?m=1#

B. Maca Teks Pawarta kanthi Nyuwara

  Maca kanthi nyuwara iku maca kang ditujokake marang wong liya. Mula sapa wae kang maca kudu bisa maca kanthi :


  1. Swara kang cukup (kang ngrungokake krungu bisa kanthi cetha lan kepenak,ora keseron ya ora kelirihen)
  2. Kedal kang cetha (swarane tembung siji lan sijine kudu jelas bedane. Suara /d/,/dh/,/t/,/th/,/a/,/o/,/u/), lan
  3. Unjal napas kang pener (yen ing basa Indonesia diarani tempo lan penjedaan)
  4. Manawa anggone maca adu arep karo kang ngrungokake (kaya ing televisi), kajaba prekara telu mau katambah pamulad kang munyadulur (komunikatif).

Sumber : Buku Bahasa Jawa 1 kelas X SMA/SMK/MA

Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

BUDAYA WEWALER (KELAS XII)