KATRESNAN KANG SEJATI (KELAS XI)

A. Crita Rakyat

   Crita Rakyat yaiku crita kang dicritakake kanthi turun temurun utawa kang wis dadi tradhisi ing masyarakat. Tumpraping bocah-bocah, crita rakyat uga bisa migunani pinangka pendhidhikan budi pekerti.Crita rakyat duweni unsur-unsur pambangunan, kayata :
  

  1. Tema = Pokok permasalahan ing sajroning crita
  2. Latar (setting) = Papan panggonan,wektu,lan suwasana kadadeyan ing sajroning crita.
  3. Penokohan = Paraga kang nduweni watak ing sajroning crita.
  4. Alur = Urut-urutane prastawa ing crita.
  5. Sudut Pandang = Cara pandang panganggit tumrap crita kang dianggit awujud wong kapisan,wong kapindho,utawa wong katelu.
  6. Amanat = Pesen kang diaturake dening panganggit marang wong kang maca.


   Crita rakyat ngemu piwulang utawa nilai-nilai,antarane yaiku nilai-nilai budaya kang nduweni gegayutan karo pamikiran,kabisan,lan karya cipta manungsa, nilai-nilai sosial kang nduweni gegayutan karo tata laku antaraning manungsa nduweni sapadha,lan nilai-nilai moral kang duweni gegayutan karo tumindak apik lan elek kang dadi dhasare Kairupan manungsa lan masyarakate.


B. Titikane crita rakyat

• Penyebarane kanthi lesan
• Duweni sipat tradisional
• Sugih cakrik lan variasi
• Jenenge pangripane ora konangan (anonim yaiku crita mau ora kaweruh sapa sing nganggit)
• Wangune tiron (klise) ana ing susunan utawa cara pangungkapane


C. Wujude crita rakyat miturut William R. Bascom.


  • Mitos : Crita kang dianggep bener-bener kedadeyan. Kedadeyan ing alam daratan,segara,utawa langit. Tuladhane crita Nyi Rara Kidul, Nyi Lanjar, lan sapanunggale. 
  • Legenda : Crita kang dianggep bener-bener kedadeyan,biasane crita mau ana petilasan arupa watu,gunung kali,lan sapanunggale. Tuladhane crita Baru Klinting, Kawah Sikidang, Sumur Jalatundha, Rara Jonggrang,lan sapanunggale.
  • Dongeng : Crita kang ngayawara lan ora bisa dipercaya. Tuladhane crita Kancil Nyolong Timun, Keong Mas, Lutung Kasarung,lan sapanunggale.


D. Mupangate crita rakyat


  1. Mupangat rekreatif yaiku menehi rasa tentrem,seneng uga menehi hiburan.
  2. Mupangat dedaktif yaiku ndhidhik para kang maca amarga nilai-nilai kabeneran lan kaapikan kang ana ing sajroning crita.
  3. Mupangat estetis yaiku menehi nilai-nilai kaendahan.
  4. Mupangat moralitas yaiku ngemu nilai-nilai moral kang dhuwur saengga para kang maca bisa mangerteni moral kang apik lan elek.
  5. Mupangat relegiusitas yaiku ngemu ajaraning agama kang bisa didadekake tuladha kanggo para kang maca.


E. Sinopsis

   Sinopsis yaiku ringkesan crita saka alur kang dawa dadi cekak nanging bisa njelentrehake crita sakabehane. Nalika bakal nulis sinopsis, bab-bab kang kudu digatekake yaiku :
   

  • Tema : Gagasan pokok, pokok crita
  • Latar : Papan lan wektu dumadine prastawa
  • Alur  : Lakuning crita
  • Penokohan : Paraga crita


   Saka katerangan kasebut banjur bisa digawe sinopsise.

Sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa 2 kelas XI SMA/SMK/MA

Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

BUDAYA WEWALER (KELAS XII)

MATERI PAWARTA (KELAS X)