ALAM SAWEGUNG (KELAS XII)

   Geguritan iku puisi jawa gagrag anyar kang ora kaiket dening paugeran tinamtu. Cacahe larik, cacahe wanda, cacahe pada, tembung-tembung kang dipilih, lan surasane kabeh merdika utawa bebas. Gumantung net atine kang nggurit. Ana kang nganggo lelewane basa (gaya bahasa) tinamu, uga ana kang biasa-biasa wae.
   

A. Maca lan nanggapi isine teks geguritan serta niteni perangan-perangane


  Supaya bisa nemokake isine geguritan bisa dilakoni kantgi cara ing ngisor iki :
  
  • Maca kanthi premati,yen perlu dibolan-baleni
  • Nggatekake ubungane larik siji lan sijine,banjur menehi tandha ngaso (/) utawa sigeng (//).
  • Golekana tegese tembung-tembung kang angel utawa aneh. Bisa tegese lugu,entar,utawa lambang.
  • Golekana pesen utawa amanat kang dikarepake dening panggurite.
  • Tambahana tembung utawa wanda saengga ukarane bisa cetha lan ditemokake karepe.

   Menawa cara-cara kasebut wis kalakoni, mesthi bisa katemokake isine geguritan. Kanthi mentes,apik,endah,mengkono,banjur bisa menehi panemu. Panemu iku bisa setuju(sarujuk),bisa ora setuju,bisa nyengkuyung,lan bisa uga menehi panemu kang sipate kosok balen(berlawanan).


B. Nemokake tuntunan kang dikandhut ing teks geguritan lan njumpuhake karo kahanane bebrayan.


  Geguritan iku umume digawe dening panggurite kanggo nuduhake rasa marang kahanan. Ana kang nggambarake rasa bungah,rasa sedih,nggrantes,utawa malah nggambarake rasa serik kang kepati-pati marang kahanan. Mula saka iku, lumantar geguritan pamaca bisa nemokake runtunan kang gegayutan karo kahanan.


C. Nulis geguritan nggunakake ragam basa kang jumbuh utawa cocog karo konteks lan pranatan utawa aturan


  Kaya kacetha ing ngarep menawa nulis geguritan iku merdika. Supaya ana gondhelan, prelu kogatekake bab-bab kaya mangkene :
  
  1. Ora kaiket dening aturan utawa pranatan guru gatra,guru wilangan,guru lagu,lan sapanunggale.
  2. Ngutamakake isi kang mentes,apik,endah,lan becik.
  3. Bisa nggunakake lelewane basa (purwakanthi,baliswara,saroja,entar,lan sapanunggale)
  4. Isine bisa pitutur,piweling,kritik,protes,nyindhir,nggrasah,pamundhut,lan sapanunggale.
Contoh geguritan⬇️⬇️⬇️

Sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa 3 kelas XII SMA/SMK/MA

Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

BUDAYA WEWALER (KELAS XII)

MATERI PAWARTA (KELAS X)