Postingan

BUDAYA WEWALER (KELAS XII)

Gambar
   Wewaler padha karo gugon tuhon. Gugon tuhon saka tembung gugu(pracaya marang kandhaning liyan) lan tuhu (nyata,temen). Gugon tuhon yaiku ngandel marang prakara sing dianggep duwe kadayan ngungkuli kodrat,mangka sanyatane ora. Gugon tuhon ing madyaning masyarakat jawa diarani pepali utawa larangan. Gugon tuhon kalebu kaprecayan tansah duwe rasa sumelang menawa ora bisa nyembadani prekara sing dianggep mbebayani iku. A. Gugon Tuhon Gugon tuhon salugu yaiku bocah utawa wong sing dadi mangsane Bathara Kala miturut dongeng yaiku bocah sukerta. Miturut kaprecayan, kanggo ngusadhani supaya ora dimangsa Bathara Kala,kudu ditanggapake wayang kanthi lakon amurwakala. Gugon tuhon wasita sinandi yaiku kalebu pitutur sing ora kalairake kanthi melok. Akeh nggunakake tembung mboten ilok utawa ora ilok sing sejatine ngemu teges ora becik. Gugon tuhon kalebu wewaler yaiku wewaler saka leluhur utawa wong sing dadi cikal bakal amarga nindakake sawijining bab,banjur wewaler kanggo anak put

ALAM SAWEGUNG (KELAS XII)

    Geguritan iku puisi jawa gagrag anyar kang ora kaiket dening paugeran tinamtu. Cacahe larik, cacahe wanda, cacahe pada, tembung-tembung kang dipilih, lan surasane kabeh merdika utawa bebas. Gumantung net atine kang nggurit. Ana kang nganggo lelewane basa ( gaya bahasa ) tinamu, uga ana kang biasa-biasa wae.     A. Maca lan nanggapi isine teks geguritan serta niteni perangan-perangane   Supaya bisa nemokake isine geguritan bisa dilakoni kantgi cara ing ngisor iki :    Maca kanthi premati,yen perlu dibolan-baleni Nggatekake ubungane larik siji lan sijine,banjur menehi tandha ngaso (/) utawa sigeng (//). Golekana tegese tembung-tembung kang angel utawa aneh. Bisa tegese lugu,entar,utawa lambang. Golekana pesen utawa amanat kang dikarepake dening panggurite. Tambahana tembung utawa wanda saengga ukarane bisa cetha lan ditemokake karepe.    Menawa cara-cara kasebut wis kalakoni, mesthi bisa katemokake isine geguritan. Kanthi mentes,apik,endah,mengkono,banjur bisa menehi

NGAWEKANI AKEHE INFORMASI (KELAS XI)

Gambar
A. Iklan   Iklan bisa ditemoni ing sadhengah papan panggonan. Ora mung mligi ing spanduk, pamflet,koran. Ananging radio,tv, internet uga wis akeh kagunakake kanggo masang iklan. Basa iklan kang becik iku bisa gampang dingerteni dening pamaos utawa pamirsa. Iklan uga kudu cekak aos cetha lan menthes. Ora ngambra-ambra mundhak marake bingung sing maca utawa sing krungu.    Titikane iklan kang becik yaiku jujur, obyektif,cetha,ringkes,tembunge prasaja, gampang dimangerti,narik kawigaten,sopan,lan logis. B. Unsur-Unsur Iklan Jeneng barang utawa jasa kang ditawakake Pihak utawa pawongan kang masang  Alamat sing masang Kahananan serta manfaat barang utawa jasa  kang ditawakake C. Nulis Teks Iklan    Iklan dibutuhake supaya wong liya ngerti barang sing ditawakake. Carane ngawe iklan sing apik kudu nggatekake babagan kayata ing ngisor iki : Migunakake slogan utawa sesanti kang gampang ditampa lan dieling-eling. Ukarane persuasi utawa mbujuk wong liya Sing ngirim kudu

KATRESNAN KANG SEJATI (KELAS XI)

A. Crita Rakyat    Crita Rakyat yaiku crita kang dicritakake kanthi turun temurun utawa kang wis dadi tradhisi ing masyarakat. Tumpraping bocah-bocah, crita rakyat uga bisa migunani pinangka pendhidhikan budi pekerti.Crita rakyat duweni unsur-unsur pambangunan, kayata :    Tema = Pokok permasalahan ing sajroning crita Latar (setting) = Papan panggonan,wektu,lan suwasana kadadeyan ing sajroning crita. Penokohan = Paraga kang nduweni watak ing sajroning crita. Alur = Urut-urutane prastawa ing crita. Sudut Pandang = Cara pandang panganggit tumrap crita kang dianggit awujud wong kapisan,wong kapindho,utawa wong katelu. Amanat = Pesen kang diaturake dening panganggit marang wong kang maca.    Crita rakyat ngemu piwulang utawa nilai-nilai,antarane yaiku nilai-nilai budaya kang nduweni gegayutan karo pamikiran,kabisan,lan karya cipta manungsa, nilai-nilai sosial kang nduweni gegayutan karo tata laku antaraning manungsa nduweni sapadha,lan nilai-nilai moral kang duweni gegayutan k

MATERI PAWARTA (KELAS X)

    Ing jaman informasi iki, pawarta dadi kabutuhan kang ora bisa diendhani dening bebrayan. Pawarta iku kabar kang disebarake supaya dingerteni dening wong liya utawa akeh. Menawa dideleng saka sarane, ana pawarta kang nggunakake medhia cithak lan ana uga kang nggunakake medhia elektronik. Kang nggunakake medhia cithak umpane,ariwati utawa koran, kalawarti utawa majalah, buletin, lan sapanunggale. Dene kang nggunakake medhia elektronik bisa katemokake ing radhio (media audio), televisi (media audio-visual), lan internet (media sosial). A. Nemokake Isine Teks Pawarta    Maca teks pawarta kang tujuane supaya ngerti isine, bisa disaranani nganggo mangsuli pitakon kang gegayutan karo 5W+1H, kang  jlentrehe :   -What   : Kadadeyan apa kang diwarta- kake/dikabarake. -Who    : Sapa wae kang diwartakake. -When  : Kapan waktu kalakone kadadeyan. -Where : Ing ngendi papan kelakone  kadadeyan. -Why     : Geneya bisa kalakon Kadadeyan. -How     : Kepriye mungguh kalakone